Selamat Idul Fitri 1429 H

Ingkang kaping sepisan, kulo marak sowan badhe nyambung tali silaturahmi dumateng Bapak-Ibu-Saudara Sak Keluarga.

Ingkang kaping kalihipun, wonten ing dinten riyadi puniko, kulo badhe ngaturaken sedoyo kalepatan kulo, ingkang sampun kalair punopo taksih kabatos, ingkang kulo sengojo punopo mboten kulo sengojo, ingkang mboten nujuprono wonten ing penggalihipun Bapak-Ibu-Saudara Sak keluarga, kulo nyuwun jembaring samudro pangaksami.

Ingkang kaping tiganipun, kulo namung saged ndongakaken supados Bapak-Ibu-Saudara Sak keluarga tansah kaparingan bagas kasarasan, kaparingan panjang yuswo, lan saged tansah mbimbing Putro-Wayah-Buyut. Amin…

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.